Sabtu, 26 September 2015

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA


Iki rek gawe sing bingung golek naskah drama basa jawa gawe wong 18, monggo iki di copy paste. harapanku mek 1 rek, drama iki iso ditampilno lan hasil e apik. Mugo-mugo bermanfaat yo rek....


POCONG MALEM MINGGU



Penulis :
Rizki Nurfaizah
Sri Wahyuningtyas
Ida Fitriani

Panata Setting :
Rizki Nurfaizah
Ida Fitriani

Ketua :
Chandra Meliniati








Pemain :
Ida fitriani – Ida
Anisa Dicta – Anis
Mira Anggraini – Mira
Bagus – Pak RT, Bapak e ida
Sri – Bu RT, Ibuk e Ida
Rizki – Ibuk e Anis
Vita – Bu Haji Vita
Fahmi – Pocong
Mutia – Mbak Mut, Mlijo
Meli – Yu ti, Tukang Jamu
Novita Putri – Mbah tuwek
Linda – Cak Darmin, Tukang ronda
Grace –Cak Parman, Tukang ronda
Dias – Mbak Dias
Anghyang – Mbak Anghyang
Intan – Mbak Paijem, Pembantu pak rt
Ula – Adek, Putune Mbah tuwek
Dira  -  Mbak Dira, Maling Hp





(Isuk isuk pas pak rt lan bu rt lagi omong omongan ning teras omah)
Mbak Dias, Mbak Anghyang : “Assalamualaikum.....”
Pak rt, Bu rt : “Waalaikumsalam”
Pak rt : “Ono opo to dik iki??”
Mbak Dias : “Ngeten pak, kulo ajeng e laporan... menawi malem minggu singen hp kulo ical.”
Mbak Anghyang : “Inggih pak, niki sampun setunggal minggu...”
Bu rt : “Lha kok iso se hp ilang dik??”
Mbak Dias : “Lha nggih niku bu, kulo nggih bingung...”
Bu rt : “Malem minggu dik? Ojo ojo iki penggaweane anu iku pak?”
Pak rt : “Hus.. ojo ngomong ngono to buk...”
Mbak Dias, Mbak Anghyang : (Bingung)
Par rt : “Yo wes, saiki sampeyan gak usah kuatir, aku tak njaluk tulung wong-wong ning kampung kene gawe nggolek i hp ne sampeyan sing ilang...”
Mbak Dias, Mbak Anghyang : “Inggih pun pak, bu kulo pamit mawon. Ngapunten ngerepoti panjenengan....”
Bu rt : “Iyo wes, ati-ati yo dik....”

(Sak marine Mbak Dias karo Mbak Anghyang mulih.....)
Pak rt : Budreg aku buk, moso isuk isuk wes onok laporan hp ilang
Mbak Paijem : “Niki pak unjukane....”
Bu rt : Yo wes rapopo to pak, lha te laporan opo maneh? Beras plastik ngno ta?
Ida : Oalah pak buk. Isuk isuk kok wes ngomongno laporane wong. Kok ora ngomongno  hpne anak e seng anyar iki loh??
Bu rt : “Halah” (Karo mesem kecut)
Pak rt : Ora oleh ngomongno ngonoku. Nko lek ilang piye?
Ida : Lek ilang yo tukokno neh tah pak???
Bu rt : Anggite golek duik ra angel a?
Ida : Oalaah buk buk,  yo wis aku tak budal sekolah.” (Mlayu)
Bu rt : “Yuh anakmu pak, budal sekolah ra salim ra salam... arek sakiki.....”
Par rt : “Halah yo ben buk, wes yo buk aku arep e resik resik ng mburitan, mumpung malem minggu...”
Bu rt : “Iyo pak, aku tak ngenteni mlijo ae ning kene....”

(Ora let sue)
Mbak Mut : “Blonjo…blonjoo… blonjoo buuu….!!!!”
Bu rt : “Yu, lombok cilik e 1000 yo....”
Bu Rizki  : “Lha iki opo mlijone ning kene. Ono manisah e tah yu? Aku tak golek, gak tuku tapi ....”
Mbak Mut : “Halah sampeyan bu...” (Diencepi)
Bu Rizki : Oalah yo wis kah yu, aku manisah e 2000 ae..
Bu rt : “Aku oleh ngutang tahh ?
Mbak Mut : Yo ojo to… Lek kabeh ngutang lha kae batine gae aku lha entek to Bu rt....”
Bu rt : “Halah yowes to... Aku tambah bayem e 1 yu...”
Mbak Mut : “Monggo..... niki kresek e....”
Bu Rizki : “Yowis mbak yu, aku tak mulih disek yo… tak ndang masak aku…. Monggo Bu rt....”
Bu rt : “Lho sek to mbak yu, aku onok info penting iki…” (Bu Rizki ora sido mulih)
Bu Rizki & Mbak Mut : Opo to??? (Barengan)
Bu rt : Lho kan? Lak podo pingin roh kabeh tah?
Bu Rizki : Yoyo tah mbak yu, lha sampeyan lek ngomong ngono….. yokpo te gak pingin eroh
Bu rt : Halah sampeyan ae kok… yo sek, dadi ngene loh…. Dek mang isuk iku onok arek ng omah, jarene hp ne ilang.
Bu Rizki : lha? Kok iso se bu  hp ilang??
Mbak Mut: “Lha yo iku Bu rt…. Waduh, kampung e dw wes gak aman iki bu....”
Bu rtLek jare jarene mbah-mbah biyen, lek hp ilang iku jarene dijupuk pocong mbak yu….
Bu Haji Vita : Assalam mualaikum???
Bu rt, Mutia, Rizki : (Kaget) “aaaaaaaaaaaaaaaaaaaa......!!!!!” (Mbengok)
Bu Haji Vita : Sek to, iki salam ku kok gak di jawab? Onok wong salam malah kaget. Podo nggosip opo seh?
Rizki : Anu bu haji, niki loh, Bu rt sanjang tiros e hp ne lare lare dicolong pocong….
Bu Haji Vita : Halah, jaman saiki kok sek percoyo pocong to?
Bu rt : “Lha niki wonten kejadian e bu, piye?
Mbak Mut: “Kok iso to bu, pocong nyolong hp?”
Bu Rizki : piye to? Pocong iso nyupuk hp yu, jare…
Bu rt : lha yo iku seng nggarai bingung, ono kedadeane.
Bu Haji Vita : Alah yo wes to gak usah percoyo karo kedadian ngonoiku.
Bu Rizki : “Yowes lek ngono, aku tak moleh disek mbakyu, Bu rt, Bu Haji, monggo....”
Mbak Mut : Ati mbak yu lek ketemu pocong...”
Bu Rizki : Yo ojo ndungakno ngono  tah!!!
Bu rt : yo wes lah aku tak moleh pisan. Iki mbakyu, aku 3000 yo...”
Mbak Mut : “Iyo bu...”
Mbak Mut : Iki bu haji sido belonjo opo ora?
Bu Haji Vita : Engga wes aku iki maeng mek e liwat tak kirone ono opo.....”
Mbak Mut: Nggihh pun Bu Haji. Monggo, assalamualaiku...”
Bu Haji Vita : “Waalaikum salam....”

(Sore- sore pas jam mulih sekolah. Arek 3 mlaku karo hp an)
Ida : He rek… tugas e sekolah kok akeh seh?
Anis : Iyo i.. jan kesel aku nggarap e…
Mira : Halah. Gak usah bingung wes, nko malem mingguan ae rekkk…
Anis : Oke tok Mir, sumpek aku mikirno pr, sekali-kali dulin ngono
Ida : Iyo wes, ngko bbm en aku yo rek lek sido. Bye rekk… aku tak melbu sek yoo!!
Mira, Anis : Okeee….
(Ida lungguh ning ngarep omah karo hp an. Moro-moro tukang jamu teko)
Yu Ti : Jamu… Jamu…. Bu tuku jamu opo ora??
Yu Ti : Nduk.. ibuk e tuku jamu opo ora?
Ida : (Ora njawab)
Yu Ti : Ancen, arek saiki penggaweane hpan ae… lek jaman biyen yo ora onok hp ora ngerti facebook an, bbman lan liyo liyane wes…., mulih sekolah yo macul ngewangi bapak ibuk e ning sawah.
Ida : Koyok onok seng ngomong se? (Karo tolah toleh) Lho….” (Kaget)
Yu Ti : Nduk ibuk e jamu ora?
Ida : Sek yo mbak…
Ida : (Nyeluk ibuk e) Buuuuuuukkkk……. Jamu opo oraa????
Bu rt : Iyo seeeeeekkk……
(Bu rt metu)
Bu rt : “Yu Ti, aku puyang e siji....”
Yu Ti : “Inggih bu....”
(Bu Rizki Liwat ning ngarep omah e Pak rt)
Bu rt : “Mbak yu.... gak jamu aaa?”
Bu Rizki : (Nyedek i tukang jamu) “Yu, onok jamu gae tambah ayu a?”
Yu Ti : “Raonok mbakyu, lek pingin ayu yo nang dukun ae kono...”
Bu Rizki : “Halah, onok ae sampeyan yu...”
Bu rt : “Arep e nang ndi sampeyan bu?”
Bu Rizki : “Aku arep e nang warung bu, wes yo bu... Yu Ti, sepurane yu aku gak jamu disek...”
Yu Ti : “Iyo yu ora popo...”
Yu Ti : “Bu, bu... jarene Mbak Mut ning kene onok pocong sing nyolong hp ta?”
Bu rt : “Halah, iyo tapi wong kampung podo gak percoyo....”
Yu Ti : “Lha nggih bu, nek dereng weruh pocong e niku nggih dereng percoyo....”
Bu rt : “Halah yu, sampeyan niat dodolan opo ngerasani pocong?”
Yu Ti : “Nggih sadean to bu...”
Bu rt : “Yo wis ndang to lek jojo....”
Yu Ti : “Anu, niki wau jamune dereng dibayar” (Karo mringis)
Bu rt : “Da, ida jupukno dompet e ibuk nduk....”
Ida : “Aduh bukk.... (Melbu njupuk dompet)”
Ida : “Nyoh buk....”
Bu rt : “Piro yu?”
Yu Ti : “3000 ae bu....”
Bu rt : “Iki....”
Yu Ti : “Inggih, pareng bu.....”
Bu rt : “Iyooo....”
Bu rt : “Da, kowe nko ojok metu bengi loh....”
Ida : “Opo o seh buk?”
Bu rt : “Yo wes lek dikandani ora manut!”

(Ning panggonan liyane)

Anis : (Dok dok lawang omah e)
Bu Rizki : “Duh… sopo yo?”
Anis : (Dok dok tambah banter)
Bu Rizki : “Aduh sopo yo iki??? Moro moro pocong. Aku ning omah dewean....”
Bu Rizki : Tak bukan no opo ora yo…
Anis : Duh nang ndi seh ibuk iki???” (Karo dok dok omah e)
Bu Rizki : (Mbukak lawang alon-alon) “Yallah......... !!!” (Kaget, Ibu lan anak e kaget)
Anis : “Duh.. opo seh buk, nggarai kaget aeee....”
Bu Rizki :  ”Nis, Nis, tak kirakno lak pocong tah....”
Anis : “Buk, buk... onok ta pocong awan awan???”
Bu Rizki : “Halah, yo wes kah... kono ndang adus....”

Pas jam 8 bengi....

Mira : “Assalamualaikum...... Nis, Anis....”
Bu Rizki : “Waalaikum salam... melbu o nduk... “
Mira : “Inggih budhe...”
Bu Rizki : “Iki sopo to?”
Mira : “Kulo Mira budhe... Rencang e Anis...”
Bu Rizki : “Lho kok gak tau weruh yo aku....”
Mira : “Inggih budhe, kulo ten kampung mriki kost...”
Bu Rizki : “Olah, arek kost to....”
Bu Rizki : “Nis... Anis.... koncomu iki loh...”
Anis : “Lho wes sue a Mir?”
Mira : “Ora kok, jek tas nis...”
Bu Rizki : “Iki arep e kerja kelompok ngono a rek?”
Anis : “Lho... iyo buk, tapi ning omah e koncoku......”
Bu Rizki : “Lho.. ojok metu nduk iki wes jam 8, malem minggu salahan, gak niat sinau iki, mesti dulin iki...”
Anis : “Halah enggak buk...”
Mira : “Inggih budhe, kulo kalih anis ajenge kerja kelompok...”
Bu Rizki : “Halah, yo wis kah... ndang mulih loh tapi.... kowe tak kandani ra kenek. Ati ati ketemu pocong yo....”
Anis : “Halah buk, jaman saiki ndek ndi onok pocong??”
Bu Rizki : “Yo wes, lek tak kandani ora percoyo, ketemu pocong lak sukur kowe....”
Anis : “Yo wes buk, pamit... sangune buk....”
Bu Rizki : “Nyoh...” (Ngelungno duwik)
Mira : “Budhe, monggo....”
Bu Rizki : “Iyo nduk, ati-ati....”
(Pas mari metu omah e Anis, ora let sue...)
Anis : “He, Mir, kowe gak merinding a?” (Ning mburine Anis iki onok pocong)
Mira : “Ora i....”
Anis : “Tenan a Mir, ojok ojok ancen tenan jarene ibuk ku....”
Mira : “Halah gak mungkin tah... Malem minggu ndek ndi onok medi...”
Anis : “Lha iyo se Mir tapi kok....”
Mira : “Waduh... wes ta iki wes teko omah e Ida iki. Wes ayok ndang nyusul Ida....”

(Ing ngarep omah e Pak rt)

Mira, Anis : “Assalamualaikum....... Da idaaaa.....”
Ida : “Waalaikum salam.... melbu o rek...”
(Mira karo Anis melbu)
Ida : “Buk, iki loh onok kanca ku...”
Bu rt : “Yo wes no kongkon melbu. Jupukno jajan ning pawong kuwi loh.”
Ida : “Halah wes gak usah, aku arep e nang omah e kancaku...”
Bu rt : “Biyuh? Bengi bengi ngeneki? Kowe ra wedi a?”
Ida : “Enggak wes. Wedi opo? Wong malem minggu yo ganok medi ta buk....”
Bu rt : “Halah kono wes.... gak sangu loh tapi...”
Ida : “Olah buk.....”
Ida : “Pak... Sangu pak...”
Bu rt : “Bapakmu metu mang...”
Ida : “Aduh bukk... Yo wes kah, aku tak nyupuk celengan wae....”
Bu rt : “Kono wes ndang budal, selak bengi.....”
Ida : “Budal buk...” (Ida, Mira, Anisa pamit nang Bu rt)
Bu rt : “Lek e ketemu pocong aku ora tanggung jawab loh....”
Ida : “Iyo buk...”

(Ning dalan)
Ida : “He rek... enak e saiki nang ndi yo?”
Mira : “Njajan ning etan e prapatan ae? Piye?”
Anis : “Aku melok ae wes rek....”
(Mlaku wong 3 meneng-menengan karo hp an dewe dewe)
Mbah tuwek : “Eh copott!!” (Kaget)
Ida : “Yallah mbah... piye to?”
Mbah tuwek : “Lha kowe piye, lha wong onok mbah mlaku yo di terak ae, mbah e wes tuwek..”
Ida : “Nggih mbah ngapunten...”
Mbah tuwek : “Aduh wes... Arek jaman saiki, dulinan e hp ae... Nek ilang sukur kowe nduk”
Anis : “Yallah mbah, ojok sampek!”
Mbah tuwek : “Lha kowe dikandani ra manut...”
Ida : “Inggih-inggih mbah...”
Mbah tuwek : “Ati ati kowe nko ketemu pocong.....”
Mira : “Duh mbah, malem minggu pocong e ra metu tah...”
Mbah tuwek : “Yowes lak gak kenek dikandani....”
Ida : “Halah ayok wes rek.... selak bengi....”
Mbah tuwek : “Yuh arek saiki nang wong tuwa ora boso.... wes wes....”

(Pas Liwat ning ngarep e pos ronda)
Cak Darmin : “He nduk.... te nang ndi kowe kok metu wong 3 bengi-bengi ngene?”
Cak Parman : “Iyo i, lha podo ora wedi karo pocong a?”
Ida : “Jaman saiki onok pocong tahh cak?”
Mira : “Lha yo iku.... iki opo o seh kok kabeh wong podo ngomongno pocongan?”
Anis : “Lha yo mboh ta Mir, malem minggu iloh jarene onok pocong.... wes wes..”
Mira : “Yo wes ayok kah...  bah wes, kabeh wong kok ngomongno pocong...”

(Arek 3 mlaku, ngadoh saka pos kamling)
Cak Darmin : “Duh arek arek iki jan ndableg kandanane...”
Cak Parman : “Iyoalah.. bah wes cak. Sampeyan gak malem mingguan a cak?”
Cak Darmin : “Ora wes, bojo karo anak ngenteni ndek omah...”
Cak Parman : “Alah cak cak... ayok wes main maneh....”

(Sakmarine njajan ning prapatan)
Ida : “Rek piye malem mingguan e? Enak ta?”
Mira, Anis : “Enak daaa... enak tenaann”
Ida : “Rek ayok selfi sek a.... bar ngene tak gawenen dp”
Mira, Anis: “Ayok ayok...”
Ida : “Nggawe hp ku ae rek... cek bening....”
Ida : (Mbukak Tongsis) “1.. 2.. 3...”
Anis : “Ndelok rek....”
(Pas foto ne dadi, lha kok Anis kaget, Ning mburine Mira lhakok onok pocong)
Anis : “Lho iki opo seh? Da delok en talah, iki opo?”
Ida : “Yaallah.. opo iku?”
Mira : “He rek.. iku pocongggggggggggg.................!!!!!!!!”
(Hp ne Ida langsung diuncalne. Arek 3 iku langsung mlayu keweden)
(Pas mlayu liwat ngarep e pos kamling)

Cak Darmin : “Lho loh... arek 3 iki lapo mlayu bengi bengi.”
Cak Parman : “Lha yo iku, iki rupane mari petukan karo pocong iki cak...”
Cak Darmin : “Rupane, lha wong raine podo keweden kuwi...”
Cak Parman : “Yo wes, ayok ndang disusul cak, nko lek ilang awak e gak oleh sangu tekok pak rt”
Cak Darmin : “Ayok ndang”

(Bareng teko omah e Bu rt)
Ida : “Buk... bukkkk...!! bukak no lawang e bukkk.....”
Mbak Paijem : “Onok opo to mbak?”
Ida : “Ibuk ndi mbak???”
Mbak Paijem : “Sek sampeyan melbu disek”
Ida : “Mbak banyu mbakk......”
Mbak Paijem : “Niki mbak.....” (Ngekekno 3 gelas banyu putih)
(Ning dalan, Cak Darmin lan Cak Parman ketemu karo mbah tuwek)
Mbah tuwek : “Cak Man, iki aku mau nemu hp pas liwat nang prapatan.”
Cak Darmin : “Lho lha iki kok koyok hpne anak e pak rt yo?”
Cak Parman : “Iyo i cak, yo wes ayok ndang di kekno ae nang omah e pak rt!!”
Cak Darmin : “Ayok... mbah matur suwun nggih...”
Mbah Tuwek : “Iyo cak.... Oh iyo lek sampeyan ketemu putuku cak, sampeyan terno mulih yo... iki mang wes tak golek i munyer-munyer ra ketemu.”
Cak Darmin, Cak Parman : Inggih mbah..

(Ning dalan Cak Darmin ketemu karo Mbak Dira)
Cak Parman : “Mbak Dira, arep e nang ndi kok bengi bengi boyongan?”
Mbak Dira : “Inggih, kula ajeng e wangsul pak ten Surabaya.”
Cak Darmin : “Yo wes ati ati mbak, arek arek mari ketemu pocong soal e ndek prapatan...”
Mbak Dira : “Inggih pak, monggoo..” (Mari pamitan langsung mlayu)

(Pas Cak Darmin lan Cak Parman teko ning omah e Pak rt)
Cak Darmin : “Bu rt, niki, kulo nemu hp, niki hpne nduk e, nggih?”
Bu rt : “Iyo Cak, sampeyan nemu ndek ndi?”
Cak Darmin : “Niki wau kulo dititip i kaliyan mbah e Ula.”
Bu rt : “Oalah suwon loh Cak Darmin, Cak Parman. Lek gak sampeyan temokno aku lak male nukokno hp maneh iki.”
Cak Darmin, Cak Parman : “Inggih... sami sami....”

Ula : “Bu rt....”
Bu rt : “Melbuo nduk, ono opo? Kowe mau digolek i mbah loh”
Ula : “Iki loh bu rt, aku mau ketemu pocong. Lha iki pocong e saiki melu aku nang kene”
(Bocah 3, Cak Parman, Cak Darmin, Mbak Paijem mbengok barengan)
Pocong : (....................................)
Ula : “Lha iki jarene pocong e iku gak njupuk hp. Dek e ora seneng nek diarani njupuk hp.”
Bu Rizki : “Assalamu alaiku....”
(Kabeh podo kaget)
Bu rt : “Yallah... bu...”
Bu Rizki : “Iki ono opo to? Kok rame rame ning kene. Lho Ula, kowe digolek i mbah e loh... Anis ndi iki? Kok jam 10 kerja kelompok gak mari mari??”
Bu rt : “Sek to, iki omong-omongan karo pocong!”
Bu Rizki : “Astagfirullah!!! Pocong e ning kene...???”
Ula : “Lho Pocong e balik Bu rt, jarene wes mari kate ngomong ngono tok nang aku. Yo wis yo aku mulih disek. Cak Parman, Cak Darmin, Ayok terne aku mulih”
Mbak Dias : “Bu rt, Pak rt pundi?”
Bu rt : “Lha iki lapo to kok rame-rame mbak mbak?? Pak rt ne lagi onok perlu nang Malang.”
Mbak Anghyang : “Niki loh buk, sing nyolong hp kula kalih hpne mbak Dias ajeng e kabur.”
Bu rt : “Lho mbak Dira? Lapo kok isone nyolong hpne kancane dewe?”
Mbak Dira : “Inggih buk, kulo nyuwun pangapunten, kula salah....”
Mbak Dias : “Iyo Dir, lha hp ku ambek hpne Anghyang balekne hayo”
Mbak Dira : “Hp mu wes tak dol rek, tak nggo mbayar kuliah”
Mbak Anghyang : “Olah, yo wes ojok mbaleni maneh yo Dir. Tapi tetep, duit e kudu mbalik nang aku karo Dira maneh...”
Mbak Dira : “Iyo Mbak.. nko tak balekne” (Nangis)
Mbak Dira : “Sepurane yo rek, aku nggawe salah nang awakmu kabeh. Aku gak ngerti carane aku nebus dosa ku nang awakmu kabeh”
(Mbak Anghyang, Mbak Dira lan Mbak Dias pada rangkul-rangkulan)
Bu Rizki : “Olah nduk, iki kae iso digawe pelajaran, yen urip iki kudu jujur.....”
Arek 3 : (Melu nangis)
Bu rt : “Lha iki kok podo tangis tangisan to? Da, wes jam 12 loh... kowe gak turu a?”
Ida : “Iyo buk...”
Bu Rizki : “Nis, ayok mulih nduk, mene kawanen...”

(Akhir e kabeh mulih nang omeh e dewe-dewe)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar